Tampilkan postingan dengan label Basa Jawa. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Basa Jawa. Tampilkan semua postingan

Sabtu, 10 Desember 2016

Kerata Basa, Baliswara, Dasanama-[MasmusNet]

MasmusNet. Kerata Basa, Baliswara, Dasanama.
A. Kerata basa utawa jarwa dhosok yaiku negesi tembung kapirid saka wancahan, wandane, utawa nguthak-athik tembunge supaya mathuk.

TULADHA :
☆Wedang          : nggawe kadang
☆ Kuping           : kaku njepiping
☆Tandur           : nata karo mundur
☆ Cangkir         : nyancang pikir
☆ Dubang          : idu abang
☆ Dhalang         : ngudhal piwulang
☆ Cengkir         : kencenging pikir

B. Baliswara yaiku ukara kang anggone negesi kanthi diwalik.
TULADHA :
☆ Anoman sampun malumpat diwalik dadi anoman malumpat sampun, tegese anoman wes mlumpat.
☆ Putri Raja diwalik dadi Raja Putri tegese putrine raja.
☆ Putra Surya diwalik dadi surya putra tegese putrane dewa surya.

C. Dasanama yaiku tembung pirang-pirang kang duwe tegese siji utawa padha.
TULADHA :
☆ Anak : atmaja, putra, siwi, sunu, suta, yoga.
☆ Ati     : driya, galih, manah, nala, kalbu, prana, tyas, wardaya.
☆ Bapak : bapa, sudarma, sudarmi,  rama, yayah.
☆ Dewa   : apsara, apsari, bathara, dewata, sura, hyang, jawata, widadara.
☆ Gajah   : asti, dipa, dwipangga, dirada, esthi, liman.
☆ Ibu        : biyang, biyung, indhung, puyengan, rena, umi, wibi.
☆ Keris     : curiga, cudrik, katga, patrem.
☆ Jeneng : asma, aran, jejuluk, rum-rum, wewangi, tetenger.
☆Langit     : akasa, Antariksa, awang-awang, bomantara, dirgantara, gegana, jumantara, tawang, widik-widik, wiyati, wyat.
☆ Omah        : graha, panti, wisma, yasa.
☆ Perang     : yuda, jurit, laga, pupuh, rana, branta yuda.
☆ Ratu         : aji, buminta, bumipala, dhatu, katong, naradipa, narpati, narendra, nareswara, nata, raja, sri, sribupati.
☆ Pinter      : guna, lebda, limpat, wasis, wigdada, widura, wignya.
☆ Segara     : ernawa, jalanidhi, jaladri, samudra, tasik.
☆ Sedih        : dhuhkita, kinkin, rudhatin, rudhita, sungkawa, susah, tikbra, turidha, wigena.
☆ Ula             : sarpa, sawer, naga , taksaka.
☆ Wadon       : dayinta, dyah, estri, juwita, kusuma, retna, rini, wanita, wanodya, gini, putri.
☆ Wong         : jalma, jana, janma, manungsa, manus, nara.

Kamis, 01 Desember 2016

Pahargyan Mantu

Ing pahargyan mantu, ing tarub ana gedhang rong wit kang dijejer, iku ngemu teges sawise omah-omah bisa kaya wit gedhang kang gampang thukul lan urip ing ngendi papan. Maneka warna gegodhongan duwe teges supa ayem tentrem lan diayomi saka sawenehing bebaya. Cikal utawa klapa, duwe karep supaya bisa urip mandiri, amarga sipate cikal bisa nuwuhake tunas sanajan ora ditandur. Kembar mayang kang saemper wujud manuk duwe karep supaya anggone omah-omah bisa nggayuh kanugrahan kang dhuwur lan entuk sandang, pangan, ing saparan-paran.

 
Urut-urutane acara pahargyan mantu, upacara-upacara penganten adat jawa antarane :
1. Lamaran.
Tata cara iki minangka wiwitane omah-omah, ing acara iki calon penganten kakung dolan menyang kulawarga penganten putri kanthi ancas nembung supaya gelem diajak omah-omah mbangun bak kulawarga.
2. Siraman.
Ing acara iki temanten kakung lan putri kadhawuhan adus kanthi ancas reresik raga lan jiwane, supaya ing dina pahargyan bisa resik lahir batine.
3. Midodareni.
Tata cara midodareni iki duwe ancas supaya ing dina pahargyan penganten putri kasulistyane kaya dene widodari.
4. Srah-Srahan.
Ing acara iki kulawarga penganten kakung ngaturake tetukon kang ancase bisa mbiyantu anggone bakal duwe gawe mantu.
5. Ijab Kabul
6. Upacara Panggih.
Tata cara panggih dileksanaake sawise ijab kabul. Bisa ditindake sedina utawa ing dina liyane, acara iki nggunaake kembang mayang kang ancase kanggo tandha yen penganten
kakung lan putri sah dadi jodhone.
7.  Upacara Balangan Suruh.
Tata cara iki minangka tanda kasetyaning penganten.
8. Upacara Wiji Dadi.
Ing tatacara iki penganten kakung ngidhak endhog pitik nganti pecah banjur penganten putri ngresiki sikil penganten kakung nganggo banyu kembang.
9. Pupuk.
Tata cara iki dileksanani ibu penganten putri ngusap-usap sirah mantu kakung minangka  tanda bisa nampa kanthi iklas dadi perangan kulawarga.
10. Sinduran.
Tata cara iki dileksanani dening wong tua pengantin putri minangka tanda yen penganten kakung iku wis ditampa dadi perangan saka kulawarga.
11. Timbang.
Tata cara iki penganten sak kloron lungguh neng pangkonane bapake penganten putri, minangka perlambang bakal tumindak adil marang anak mantu lan besan, sarta rasa sih katresnane wong tua marang anak lan mantu saha besan.
12. Kacar-Kucur
Wujud dhuwit logam, beras lan ubarape liyane sing dikucurke ing pangkonane penganten putri minangka perlambang paweh nafkah.
13. Dahar Klimah.
Penganten sak kloron dulang-dulangan minangka perlambang pinenganten sak kloron
arep urip susah seneng bebarengan.
14. Mertui.
Wong tuane pinenganten putri methuk wong tuane penganten kakung neng ngarep omah lan bebarengan tindak ing acara resepsi.
15. Sungkeman.
Penganten sak kloron sungkem nyuwun pangestu marang wong tua.
16. Kenduren / Resepsi.
Yaiku dadi acara puncak pengantenan, uga kadang diarani resepsi utawa walimahan. Sejatine kagiatan iki nduwe makna upacara slametan, selamet merga inti acarane yaiku ijab kabul wis rampung diselenggaraake. Ing acara iki,  pasangan penganten nampa ucapan selamat saka kabeh sing hadir ing acara iku.

Jumat, 04 November 2016

Novel dalam bahasa Jawa


MasmusNet. A. Pangertene Novel
Novel yaiku karya sastra awujud prosa kang misuwur, novel iku ngemot crita-crita kang rinakit urut miturut pembabakan. Mula ing njerone kaperang dadi pirang pirang crita, dene saben babak iku ngandarake surasa kang beda- beda.

B. Unsur-Unsur Crita Cekak.
a. Unsur Intrinsik
  - Tema
Yaiku ide pokok utawa permasalahan utama kang ndhasari lakuning crita novel.

  - Setting
Yaiku latar belakang kang mbantu cethaning laku crita setting iku ngemot wektu, papan, sosial budaya.

  - Punjering Crita (sudut pandang) kaperang dadi 3 yaiku :
☆ Pengarang migunaake sudut pandang   tokoh lan tembung sesulih wong kapisan.
☆ Pengarang migunake sudut pandang tokoh bawahan, dheweke luwih akeh ngamati saka sanjabane crita pengarang. Biasane migunake tembung sesulih wong katelu
☆ Pengarang migunaake sudut pandang impersonal, dheweke sanyatane dumunung ing sanjabane crita, mung sarwo nyawang, ngrungoake lan ngerti apa bae tekan rahasia batine tokoh.

-Alur / Plot
Yaiku rerangkening  prastawa / kedadeyan ing novel.
Alur kaperang dadi 2 yaiku :
☆ Alur Maju (progresif) yaiku yen prastawa iku lumaku kanthi trap-trapan adhedasar kronologi tumuju ing alur crita.
☆Alur Mundur (Flashback Progresif) yaiku dumadi saka kang ono sesambungan karo prastawa sing lagi dumadi.

-Penokohan
Yaiku nggambarake karakter kanggo paraga, karakter  bisa dingerteni saka tumindake, ciri cirine , Fisike lan Lingkungane.

-Gaya Bahasa.
Yaiku gaya utawa majas kang digunaake ing novel kasebut.

b. Unsur Ekstrinsik.
 Ngemot latar belakang penciptaan, sejarah, biografi pengarang, lan sapiturute, sanjabane unsur intrinsik.

C. Nilai-nilai kang kamot ing novel
☆ Nilai Sosial
Yaiku kang ndadeake wong luwih ngerti lan mahami panguripane wong liya.
☆ Nilai Etik
Yaiku bisa ngundhahake rasa sampurna ing dhiri pribadine
☆ Nilai Hedorik
Yaiku kang menehi rasa seneng marang pamacane mula bisa katut ing sajroning crita.
☆ Nilai spirit
Yaiku bisa ngadepi sikep urip lan kapiyatane pamaca.
☆ Nilai Koleksi
Yaiku bisa diwaca makaping-kaping.
☆ Nilai Kultural
Yaiku bisa menehi pan nglestariake budaya lan adat masyarakat.

D. Jenis Novel Hiburan
Yaiku minangka wacan kang nglipur kang asipat personal lan surasane saperangan gede mung gegambaran samar panulise. Nyritaake bab kang endah kayata katresnan lan sapiturute.

Jenis novel hiburan
a. Novel detektif
b. Novel roman
c. Novel misteri
d. Novel gotik
e. Novel kriminal
f. Novel fiksi ilmiah

Irah-irahan novel kang abasa jawa.
¤ Priyayi abangan    : Sapardi Djoko Damono
¤ Putri Tirtagangga : Ary Asmara
¤ Mungsuh Sardi       : Basoeki Rachmat
¤ Kelangan Satang   : Suparto Brata.


Jumat, 16 September 2016

Macapat New Update

www.masmusnet.blogspot.com. Tembang Macapat.
Tembang jawa tegesipun reriptan kanthi paugeran tertentu, anggenipun maosaken kedah dipun lagoaken lan saged dipun iringi ngangge wiramaning karawitan.



Jinising tembang jawa menawi dipun princi antawisipun : 
1. Tembang macapat
2. Tembang Dolanan
3. Tembang tengahan
4. Tembang gedhe
 5. Tembang gendhing ( sekar gendhing) 
6. Tembang campursari

Ciri ciri tembang macapat
1. Ngagem pathokan guru gatra, guru wilangan, guru lagu(dhung dhing) padha(pupuh, bait).
2. Basanipun basa jawa anyar
3. Saged madeg piyambak tanpa iringan gendhing.

Kasusastran ingkang pinanggih wonten ing tembang macapat.
1. Guru gatra : cacahipun larik ( baris) saben sapadha.
2. Guru wilangan : cacahipun wanda(suku kata) saben sagatra.
3. Guru lagu : dawahipun swanten( vokal) saben pungkasan gatra.
4. Pada (pupuh) : cacahipun tembang macapat saben salagu saking wiwitan mugi pungkasan.
5. Pupuh : kalih tembang (rong padha) utawi luwih ing tembang macapat

Namaning sekar macapat

Satunggaling pamanggih, kangge pangeling eling bilih sekar macapat punika nggambaraken cakra manggilinganing liyang (daur hidup) saking lahir ngantos seda. Menggah jlentrehipun mekaten :

1. Mijil : bayi lahir 
2. Kinanthi : bayi saya ageng perlu dipun latih mlumpat.
3. Sinom : lare tuwuh dados remaja
4. Asmarandhana : menawi mudha nandhang asmara.
5. Dhandang gula :asmara menika endah,manis, nengsemake.
6. Gambuh : asmara ingkang nyawiji nggulawentah keluarga.
7. Maskumambang : kambang kambang kadonyan lan Akhirate.
8. durma : penggalihipun condhong dateng akhirat.
9. Pangkur : yuswa sepuh penggalihipun saya ngungkurake kadonyan.
10. Megatruh : tiyang seda punika pegat / pedhot nyawanipun.
11. Pocung : jenazah dipun buntel dados pocong.




1. Mijil
guru gatra 6,
guru lagu lan guru wilangane 10i, 6o, 10e, 8i, 6u.

2. Kinanthi
guru gatra 6,
guru lagu lan guru wilangane 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i.

3. Sinom
guru gatra 9,
guru lagu lan guru wilangane 8a,8i,8a,8i,7i,8u,7a,8i,12a.

4. Asmarandana
guru gatra 7,
guru lagu lan guru wilangane 8i,8a,8a/o,8a,7a,8u,8a.

5. DhandangGula
guru gatrane 10,
guru lagu lan guru wilangane 10i,10a,8e,7u,9i,7o,6u,8a,12i,7a.

6. Gambuh
guru gatra 5,
guru lagu lan guru wilangane 7u, 10u,12i,8u, 8o.

7. Maskumambang
guru gatra 4
guru lagu lan guru wilangane 12i,6a,8i,8a.

8. Durma
Guru gatra 7,
Guru lagu lan guru wilangane 12a,7i,6o,7a,8i,5a,7i.

9. Pangkur
Guru gatra 7,
Guru lagu lan guru wilangane 8a,11i,8a,7a,12u,8a,8i.

10. Megatruh
Guru gatra 5,
Guru lagu lan guru wilangane 12u,8i,8u,8i,8o.

11. Pocung
Guru gatra 4,
Guru lagu lan guru wilangane 12u,6a,8i,12a.

Jumat, 02 September 2016

Omah Tradisional Jawa


www.masmusnet.blogspot.com. Omah Tradisional jawa , yaiku awujud joglo.




Jinise omah Joglo
- Joglo limasan lawakan
- Joglo sinom
- Joglo jompongan
- Joglo pangrawit
- Joglo mangkurat
- Joglo hageng
- Joglo semar tinandhu

Wewangunan omah joglo iku ana perangan perangan kang wis gumathok, yaiku :
1. Teras utawa Pendapa
Dumunung ing ngarep dewe, gunane kanggo nampa tamu. Perangan iki dibukak tanpo ana wates ruangan.
2. Pringgitan
Digunaake kanggo nggelar wayang kulit utawa upacara tradisional liyane.
3. Dalem Agung
Wujude persegi lan tinutup dening tembok ing patang sisine. Perangan iki digunaake kanggo kulawarga, mula asipat luwih tinutup(privasi).
4. Krobongan utawa senthong
Ruangan iki gunane kanggo ngaso utawa turu kang duwe omah yaiku kanggo nyimpen maneka wujud pusaka lan piranti aji liyane.
5. Gandok utawa pawon/pekiwan
Papane ana ing mburi dewe, pigunane kanggo masak lan kamar mandi.





Katerangan
1. Pendhapa
2. Pringgitan
3. Dalem
A. Senthong kiwa
B. Senthong tengah
C. Senthong tengen
D. Senthong pawon
4. Gandok pawon


Rabu, 31 Agustus 2016

Panganan Tradisional lan daerah asale


www.masmusnet.blogspot.com.Panganan tradisional lan daerah asale

                                     
Gebleg

1. Thiwul asale wonogiri
2. Emping mlinjo asale klaten
3. Sega megana asale pati
4. Mi ongklok asale wonosobo
5. Klanthing asale kebumen
6. Gaplek asale wonogiri
7. Gudeg asale yogyakarta
8. Gado gado asale jakarta
9. Mendoan asale purwokerto
10. Sega liwet asale solo
11. Jenang dodol asale kudus

# Panganan didang
- arem arem
- lapis
# digoreng
- gebleg
- mendoan
# dibakar / disangan
- sate
- serabi
# dibuntel godong gedang
- lemper
- lonthong
# dibuntel janur
- clorot
- kupat
# dibuntel godhong lompong
- buntil
# dibuntel klobot
- jenang
- dodol
# dibuntel godong pring
- kupat sumpil
- enting enting
# dibuntel klaras
- kue lompong
# dibuntel godong jati
- tempe
-  wajik
# digodhog
- klepon
- cilok
- endhog asin


Minggu, 28 Agustus 2016

Pidhato



www.masmusnet.blogspot.com. Pidhato utawa sesorah yaiku njlentrehake ide utawa pokok pikiran kanthi wujud tembung tembung kang diucapake ana ing ngarepe wong akeh kanthi maksud kang gumathok.



Kahenane Pidhato
1. Kahenan resmi
  Lumrahe pamicara maca naskah kang wis dicawisake supaya ora salah anggone pidhato, lan naskah iku bisa kasimpen kanggo arsip.
2. Kahenan setengah resmi
  Pamicara bisa ngandarake pidhatone rodo longgar, nanging kesan resmi kudu tetep digateake.
3. Kahenan ora resmi
  Pamicara bisa ngandarake pidhatone miturut tujuan utawa selera pamirenge.
4. Kahenan liya-liyane
  Yaiku pamirenge lungguh utawa ngadeg, wektune anggone pidhato dewe utawa karo wong liya.

Tata cara pidhato yaiku :
A. Cara naskah
Yaiku migunaake teks utawa naskah kang diwaca langsung.
B. Cara apalan
Cara iki digunaake dening wong kang lagi ajar pidhato, yaiku kanthi cara nyawisake teks banjur diapalke.
C. Cara ekstemporan
Pidhato cara iki juru pidhato gawe cathetan cilik minangka pangeling eling urutane kang arep diwedharake/diomongke.
D. Cara dadakan
Pidhato cara dadakan kuwi pidhato ora kanyana nyana sakdurunge, pamicara kudu duwe pengalaman utawa kawruh, uga ketrampilan micara ing ngarepe wong akeh.

Syarate wong arep pidhato
A. Swara
Cetha, tegas, ora digawe gawe lan uga wiramane/intonasi.
B. Busana/ageman
Yaiku  carane nganggo klambi kudu trep karo kaperluane.
C. Sikap tingkah laku/ Tata krama
Yaiku nalika pidhato anggone carane mlaku tumuju ing podium , owahaning awak, pasuryan, carane ngadeg, lsp.
D. Basa lan sastra
Basa lan sastra mujudake kebutuhan kang baku/ pokok tumrap pawongan kang ngayahi dadi pamedhar sabdo/pidhato.