Kamis, 01 Desember 2016

Pahargyan Mantu

Ing pahargyan mantu, ing tarub ana gedhang rong wit kang dijejer, iku ngemu teges sawise omah-omah bisa kaya wit gedhang kang gampang thukul lan urip ing ngendi papan. Maneka warna gegodhongan duwe teges supa ayem tentrem lan diayomi saka sawenehing bebaya. Cikal utawa klapa, duwe karep supaya bisa urip mandiri, amarga sipate cikal bisa nuwuhake tunas sanajan ora ditandur. Kembar mayang kang saemper wujud manuk duwe karep supaya anggone omah-omah bisa nggayuh kanugrahan kang dhuwur lan entuk sandang, pangan, ing saparan-paran.

 
Urut-urutane acara pahargyan mantu, upacara-upacara penganten adat jawa antarane :
1. Lamaran.
Tata cara iki minangka wiwitane omah-omah, ing acara iki calon penganten kakung dolan menyang kulawarga penganten putri kanthi ancas nembung supaya gelem diajak omah-omah mbangun bak kulawarga.
2. Siraman.
Ing acara iki temanten kakung lan putri kadhawuhan adus kanthi ancas reresik raga lan jiwane, supaya ing dina pahargyan bisa resik lahir batine.
3. Midodareni.
Tata cara midodareni iki duwe ancas supaya ing dina pahargyan penganten putri kasulistyane kaya dene widodari.
4. Srah-Srahan.
Ing acara iki kulawarga penganten kakung ngaturake tetukon kang ancase bisa mbiyantu anggone bakal duwe gawe mantu.
5. Ijab Kabul
6. Upacara Panggih.
Tata cara panggih dileksanaake sawise ijab kabul. Bisa ditindake sedina utawa ing dina liyane, acara iki nggunaake kembang mayang kang ancase kanggo tandha yen penganten
kakung lan putri sah dadi jodhone.
7.  Upacara Balangan Suruh.
Tata cara iki minangka tanda kasetyaning penganten.
8. Upacara Wiji Dadi.
Ing tatacara iki penganten kakung ngidhak endhog pitik nganti pecah banjur penganten putri ngresiki sikil penganten kakung nganggo banyu kembang.
9. Pupuk.
Tata cara iki dileksanani ibu penganten putri ngusap-usap sirah mantu kakung minangka  tanda bisa nampa kanthi iklas dadi perangan kulawarga.
10. Sinduran.
Tata cara iki dileksanani dening wong tua pengantin putri minangka tanda yen penganten kakung iku wis ditampa dadi perangan saka kulawarga.
11. Timbang.
Tata cara iki penganten sak kloron lungguh neng pangkonane bapake penganten putri, minangka perlambang bakal tumindak adil marang anak mantu lan besan, sarta rasa sih katresnane wong tua marang anak lan mantu saha besan.
12. Kacar-Kucur
Wujud dhuwit logam, beras lan ubarape liyane sing dikucurke ing pangkonane penganten putri minangka perlambang paweh nafkah.
13. Dahar Klimah.
Penganten sak kloron dulang-dulangan minangka perlambang pinenganten sak kloron
arep urip susah seneng bebarengan.
14. Mertui.
Wong tuane pinenganten putri methuk wong tuane penganten kakung neng ngarep omah lan bebarengan tindak ing acara resepsi.
15. Sungkeman.
Penganten sak kloron sungkem nyuwun pangestu marang wong tua.
16. Kenduren / Resepsi.
Yaiku dadi acara puncak pengantenan, uga kadang diarani resepsi utawa walimahan. Sejatine kagiatan iki nduwe makna upacara slametan, selamet merga inti acarane yaiku ijab kabul wis rampung diselenggaraake. Ing acara iki,  pasangan penganten nampa ucapan selamat saka kabeh sing hadir ing acara iku.


EmoticonEmoticon