Minggu, 28 Agustus 2016

Pidhato



www.masmusnet.blogspot.com. Pidhato utawa sesorah yaiku njlentrehake ide utawa pokok pikiran kanthi wujud tembung tembung kang diucapake ana ing ngarepe wong akeh kanthi maksud kang gumathok.



Kahenane Pidhato
1. Kahenan resmi
  Lumrahe pamicara maca naskah kang wis dicawisake supaya ora salah anggone pidhato, lan naskah iku bisa kasimpen kanggo arsip.
2. Kahenan setengah resmi
  Pamicara bisa ngandarake pidhatone rodo longgar, nanging kesan resmi kudu tetep digateake.
3. Kahenan ora resmi
  Pamicara bisa ngandarake pidhatone miturut tujuan utawa selera pamirenge.
4. Kahenan liya-liyane
  Yaiku pamirenge lungguh utawa ngadeg, wektune anggone pidhato dewe utawa karo wong liya.

Tata cara pidhato yaiku :
A. Cara naskah
Yaiku migunaake teks utawa naskah kang diwaca langsung.
B. Cara apalan
Cara iki digunaake dening wong kang lagi ajar pidhato, yaiku kanthi cara nyawisake teks banjur diapalke.
C. Cara ekstemporan
Pidhato cara iki juru pidhato gawe cathetan cilik minangka pangeling eling urutane kang arep diwedharake/diomongke.
D. Cara dadakan
Pidhato cara dadakan kuwi pidhato ora kanyana nyana sakdurunge, pamicara kudu duwe pengalaman utawa kawruh, uga ketrampilan micara ing ngarepe wong akeh.

Syarate wong arep pidhato
A. Swara
Cetha, tegas, ora digawe gawe lan uga wiramane/intonasi.
B. Busana/ageman
Yaiku  carane nganggo klambi kudu trep karo kaperluane.
C. Sikap tingkah laku/ Tata krama
Yaiku nalika pidhato anggone carane mlaku tumuju ing podium , owahaning awak, pasuryan, carane ngadeg, lsp.
D. Basa lan sastra
Basa lan sastra mujudake kebutuhan kang baku/ pokok tumrap pawongan kang ngayahi dadi pamedhar sabdo/pidhato.



EmoticonEmoticon