Sabtu, 10 Desember 2016

Kerata Basa, Baliswara, Dasanama-[MasmusNet]

MasmusNet. Kerata Basa, Baliswara, Dasanama.
A. Kerata basa utawa jarwa dhosok yaiku negesi tembung kapirid saka wancahan, wandane, utawa nguthak-athik tembunge supaya mathuk.

TULADHA :
☆Wedang          : nggawe kadang
☆ Kuping           : kaku njepiping
☆Tandur           : nata karo mundur
☆ Cangkir         : nyancang pikir
☆ Dubang          : idu abang
☆ Dhalang         : ngudhal piwulang
☆ Cengkir         : kencenging pikir

B. Baliswara yaiku ukara kang anggone negesi kanthi diwalik.
TULADHA :
☆ Anoman sampun malumpat diwalik dadi anoman malumpat sampun, tegese anoman wes mlumpat.
☆ Putri Raja diwalik dadi Raja Putri tegese putrine raja.
☆ Putra Surya diwalik dadi surya putra tegese putrane dewa surya.

C. Dasanama yaiku tembung pirang-pirang kang duwe tegese siji utawa padha.
TULADHA :
☆ Anak : atmaja, putra, siwi, sunu, suta, yoga.
☆ Ati     : driya, galih, manah, nala, kalbu, prana, tyas, wardaya.
☆ Bapak : bapa, sudarma, sudarmi,  rama, yayah.
☆ Dewa   : apsara, apsari, bathara, dewata, sura, hyang, jawata, widadara.
☆ Gajah   : asti, dipa, dwipangga, dirada, esthi, liman.
☆ Ibu        : biyang, biyung, indhung, puyengan, rena, umi, wibi.
☆ Keris     : curiga, cudrik, katga, patrem.
☆ Jeneng : asma, aran, jejuluk, rum-rum, wewangi, tetenger.
☆Langit     : akasa, Antariksa, awang-awang, bomantara, dirgantara, gegana, jumantara, tawang, widik-widik, wiyati, wyat.
☆ Omah        : graha, panti, wisma, yasa.
☆ Perang     : yuda, jurit, laga, pupuh, rana, branta yuda.
☆ Ratu         : aji, buminta, bumipala, dhatu, katong, naradipa, narpati, narendra, nareswara, nata, raja, sri, sribupati.
☆ Pinter      : guna, lebda, limpat, wasis, wigdada, widura, wignya.
☆ Segara     : ernawa, jalanidhi, jaladri, samudra, tasik.
☆ Sedih        : dhuhkita, kinkin, rudhatin, rudhita, sungkawa, susah, tikbra, turidha, wigena.
☆ Ula             : sarpa, sawer, naga , taksaka.
☆ Wadon       : dayinta, dyah, estri, juwita, kusuma, retna, rini, wanita, wanodya, gini, putri.
☆ Wong         : jalma, jana, janma, manungsa, manus, nara.


EmoticonEmoticon