Jumat, 02 September 2016

Teks Pranata Acara lan Tuladhane

Tags


www.masmusnet.blogspot.com. Pranata acara utawa MC yaiku wong kang duwe jejiban / kuwajiban ngatur lumakuning acara.



Rantaman/ urut urutan
1. Salam pambuka
2. Pambuka ( purwaka basa )
- puji syukur
- sapa aruh
3. Isi / surasa basa
4. Panutup/ wasana basa
5. Panutup

Unsur pranata acara
1. Magatra : bleger
2. Malaksana : mlaku samlaku
3. Mawastha : ngadeg jejeg
4. Maraga : ora grogi
5. Malaghawa : trampil/ cag ceg
6. Matanggep : tanggep ing sakabehe swasana
7. Mawwat : manteb

Tuladha teks pranata acara pengajian :

Assalamualaikum. Wr. Wb
 Dhumateng kepala sekolah SMK MAJU JAYA MUNDUR JAYA ingkang kula hormati, dhumateng para dewan guru SMK MAJU JAYA MUNDUR JAYA ingkang kawula hormati ugi, lan mboten kesupen sedaya rencang rencang siswa siswi SMK MAJU JAYA MUNDUR JAYA ingkang tansah kawula tresnani.

Saderengipun kita nglampahi adicara ing wekdal ndalu punika , monggo kita sedaya ngucapaken raos syukur kita dhumateng ALLAH SWT kanthi waosan hamdalah billisan, sesarengan " Alhamdulillahirabbilalamin"

Sakderengipun kita milai adicara ing wekdal ndalu punika, perkenankan kula maosaken runtutanipun adicara ing wekdal ndalu punika, inggih punika adicara ingkang angka setunggal 1. Pembukaan
                2. Waosan ayat ayat suci Al-Qur'an
                3. Sambutan Sambutan
                      A. Kepala sekolah
                      B. Ketua panitia penyelenggara
                4. Istirahat
                5. Pengajian
                6. Doa penutup
                7. Salam salaman/ halal bihalal
Inggih punika wau dalah runtutanipun adicara ing wekdal ndalu punika.

Monggo kita milai adicara ingkang angka setunggal inggih punika pembukaan, monggo kita bukak kanthi waosan surah al- fatihah billisan sesarengan..
Al - Fatihah!


Kalajengaken adicara ingkang angka kaleh inggih punika waosan ayat ayat suci al-qur'an ingkang kita suwunaken syafaat dhumateng Bp. Alatas SPd. Dhumateng panjenenganipun papan saha wekdal kita aturaken.
- dhumateng panjenenganipun kita aturaken agunging matur nuwun.


Kalajengaken adicara ingkang angka tiga inggih punika sambutan sambutan. Sambutan ingkang angka setunggal inggih punika sangking  bapak kepala sekolah. Dhumateng panjenenganipun papan saha wekdal kita aturaken.
- dhumateng panjenenganipun kita aturaken angunging matur nuwun.

Kalajengaken sambutan ingkang angka kaleh inggih punika berasal sangking ketua panitia penyelenggara. Dhumateng panjenenganipun papan saha wekdal kita aturaken
-Dhumateng panjenenganipun kita aturaken agunging matur nuwun.

Kalajengangaken adicara ingkang angka sekawan inggih punika istirahat, dhumateng  juru ladi monggo dipun siapke sedayanipun.

Kadose adicara angka sekawan sampun cekap, monggo kita lanjutan adicara ingkang angka gangsal  inggih punika pengajian
 Ingkang kita suwunaken syafaatipun sangking Bp. Kyai Kondang . Dhumateng Bp kyai kondang papan saha wekdal kita aturaken.
- dhumateng panjenenganipun kita aturaken agunging matur nuwun.

Kalajengaken adicara ingkang angka nenem inggih punika doa panutup ingkang kita suwunaken syafaatipun Bp. Kyai Waluyo Kondang . Dhumateng panjenenganipun papan saha wekdal kita aturaken.
- dhumateng panjenenganipun kita aturaken agunging matur  nuwun.

Kalajengaken adicara ingkang angka terakhir  inggih punika salam salaman ingkang diniyati kaliyan halal bihalal dimilai sangking guru guru kalajengaken siswa siswi.

Katah lepat atur kula , kula nyuwun agunging samodra pangapunten. Akhirul kalam.
Wassalamualaikum. Wr. Wb.



EmoticonEmoticon